Uluk salam ing Qubure poro Wali
Qosidah naliko ziaroh Qubure poro Auliya'
Menggah maknone insyaallah mekaten :
Mugi-mugi salam Soho Rohmate Allah, katur dumateng panjenengane, duh kekasihe Allah
Kitho sowan Kitho ziaroh lan gendek/mandek ing ngerso panjenengan, duh kekasihe Allah
Bejo sanget kitho saged pinanggih panjenengan. Kitho gadah maksud inggih meniko tawassul dateng panjenengan kerono Allah , Milo mugi panjenengan ijabahi, duh kekasihe Allah
Kitho ngajeng-ngajeng karomah panjenengan kersoho andunga'ake kitho dateng Dzat kang welas, nompo ingkang dados hajat kitho, duh kekasihe Allah
Inggih meniko kitho kepingin pinaringan rizqi ingkang halal, lan saged tindak ibadah haji ing Baitullah kanthi wongsal -wangsul, duh kekasihe Allah
Lan pinaringan pejah Husnul Khotimah kanthi mulya, Mugi pinaringan ridhone Allah lan saged keparek dateng Allah, duh kekasihe Allah
Mugi-mugi sholawat lan salam katur dumateng kanjeng nabi Muhammad shollallahu alaihi wasallam sarono muji syukur dumateng Allah, duh kekasihe Allah
Bacaan sak wuse DO'A lan Sholawat Arwah



