Madrasah hebat bermartabat- Lebih baik madrasah - Madrasah lebih baik

Breaking News

21 November 2019

Pandowo Limo ( sifat, watak lan satriyane)

Kabarmadrasah.com -  Nuwun sewu wonten ing kalodangan meniko kulo sak antawes bade matur lan ngaturaken piwulangan boso jowo kagem putro-putri kulo ingkang wonten ing kelas 3 SD/MI. Piwulang meniko wigati sanget keranten babagan iki babagan dasar piwulang boso jawo , yaiku bab pandawa lima.
http://www.kabarmadrasah.com
Picture : mediaindonesia.com
Monggo dipun waos kanthi tetes lan tatas 
Pandawa merupakan istilah dalam bahasa Sanskerta, yang secara harfiah berarti anak Pandu, yaitu seorang Raja Hastinapura dalam wiracarita Mahabharata. Para Pandawa terdiri dari lima orang: YudistiraBimaArjunaNakula dan Sadewa. Mereka adalah tokoh protagonis dalam Mahabharata, sedangkan yang antagonis adalah para Korawa, yaitu para putra Dretarastra, saudara Pandu. Dalam Mahabharata, kelima Pandawa menikah dengan Dropadi yang diperebutkan dalam sebuah sayembara di Kerajaan Panchala, dan masing-masing anggota Pandawa memiliki seorang putra darinya.
Para Pandawa merupakan tokoh utama dalam bagian penting dari wiracarita Mahabharata, yaitu pertempuran besar di daratan Kurukshetra; pertempuran para Pandawa melawan para Korawa beserta sekutu-sekutu mereka. Kisah tersebut menjadi kisah penting dalam wiracarita Mahabharata, selain kisah Pandawa dan Korawa bermain dadu.
Menurut Mahabharata, setiap anggota Pandawa merupakan penjelmaan (penitisan) dari dewa tertentu, dan setiap anggota Pandawa memiliki nama lain yang merujuk kepada karakteristik masing-masing. Contohnya Bima yang memiliki nama lain "Werkodara", arti harfiahnya adalah "perut serigala", karena ia diceritakan sebagai orang yang gemar makan.  (Wikipedia.org)

Baca Juga

Prabu Pandhudewanata  iku Ratu ing Ngastina.  Garwane loro jenenge Dewi Kunthitalibrata lan Dewi Madrim.  Dewi Kunti nduwe anak telu lanang kabeh. 
Putra kaping pisan pambayun arane Puntadewa. kasatriya ing Amarta.  Puntadewa duwe watak jujur dan adil. 
Putra kang nomer loro penenggak arane Werkudara, satria ing Jodhipati. Werkudara duweni watak jujur, ngabekti marang wong tuwa lan guru.  
Putra kaping telu arane Janoko. kasatriyo ing Madukara. Watake alus, seneng tetulung lan seneng ngudi ngelmu. 
Dene  Dewi Madrim duwe anak kembar lanang kabeh  sing jenenge Nakula lan Sadewa.  Nakula  kasatriya ing Bumiretawu , dene Sadewa kasatriya ing Sawojajar.  Satrio Limo iku arane Pandawa
Pandhawa iku kelebu trah Barata.  Nalika Sadewa isih bayi,  Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Madrim sedo. Sabanjure  Satria lima iku diemong dening Dewi Kunti. Pandawa lan Kurawa perang rebutan negoro jalaran kurawa ngakahi hake Pandhawa. Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani perang Bharatayuda. Perang iku dimenangake dening Pandhowo,  dene Kurawa  pada tumpes mati kabeh.
Saka crita ing dhuwur,  bisa dimangerteni  manawa Pandhawa iku  cacahe ana 5.  Urut-urutane Pandawa kaya mengkene :
 1.     Puntadewa
Puntadewa jejuluk Yudistira, Dhramasuta (putra Dharma), Ajathasatru ( kang ora duweni musuh), Bharata ( keturunan Maha Bharata),  Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandawa.  Satriyane  alus, watake sabar,  jujur,  Lan ora tau nesu.  Getihe putih Lan duwe jimat Kalimasada.  Puntadewa Dadi Ratu ing negara Amarta.  garwane aran Dewi Drupadi  Lan duweni putra kang arane Putra Pancawala. Prabu Puntadewa ora bisa perang jalaran seneng marang katentreman

Baca Juga

2.            Werkudara
Werkudara iku putrane Pandhudewanata lan Dewi kunthi kang nomer loro . Jenenge liyo Werkudara yaiku Brataseno. , Bimasena, Sena, bayusutha, lan Gandhawastraatmaja. Kasatriyane Werkudara iku ana ing Jadhipati. Gamane kuku Pancanaka, gada rujakpala, lan Lukitasari. Raden Werkudara iku duweni watak jujur, seneng tetulung, lan bekti marang guru. nalika perang Bharatayuda, werkudara asil newasake Prabu Duryudana. Werkudara duwe garwa cacah telu, yaiku Arimbi, Dewi Nagagini, lan Dewi urangayu. Werkudara duwe putra cacah telu uga, yaiku Raden Gathotkaca, Antareja lan Antasena

3.           Janaka
Jeneng liyane janaka yaiku Arjuna, Dhananjaya, Kirti, lan Partha. Raden Janaka kasatriyane ana ing Madukara. Janaka kulina disebut Panengahe pandhawa. Garwane Dewi Subadra karo Dewi Srikandhi. Janaka utawa Arjuna kondhang baguse. Watake luhur, seneng tetulung , basane alus. Pusakane utawa gamane keris Pulanggeni, panah Pasopati, lan panah Sarotama. Ing perang Bharatayuda piyambake mungsuh Adipati Karna. Arjuna menang. adipati Karna gugur kena panah Pasopati
4.            Nakula
Nakula kembar karo Sadewa. Nakula iku putrane Prabu Pandhudewanata kaliyan Dewi Madrim. Jeneng liyane Nakula yaiku Pinten lan Tripala. Nakula dadi satriya ing Bumiretawu. Garwanipun Dewi Soka. Nduweni putra loro, yaiku Dewi Pranati lan Bambang Pranusinta. Nakula nduweni watak mbela kebecikan lan pinter ing babagan ilmu pengetahuan
5.            Sadewa
Sedherek kembaripun Nakula yaiku sadewa. seng nduwe jeneng liya tangsen lan Darmapranti. Garwanipun Dewi Srengginiwati, kagungan putra bambang Sidapaksa. Sakliyane kuwi, Sadewa nduwe garwa liya asmane Dewi Pradapa peputra Raden Subekti lan Raden Dewakusuma. Sadewa satriya ing sawojajar kang watake mbela kebecikan lan pinter babagan ilmu pengetahuan
Njih mekaten menggah piwulang boso jowo kelas 3 SD/MI babagan Pandawa lima mugi tansah migunani dateng kitho sedoyo, Aamiin

www.kabarmadrasah.com

Terima kasih telah membaca artikel ini, Semoga bermanfaat.
jangan lupa baca artikel :Download RPP Kelas 1 Kurikulum 2013 Revisi 2017
Comments
0 Comments

No comments:

Designed Template By Blogger Templates - Powered by Kabarmadrasah.com