Madrasah hebat bermartabat- Lebih baik madrasah - Madrasah lebih baik

Breaking News

31 March 2022

Naskah MC Bahasa Jawa Kegiatan Ziarah Massal

 

Assalamualaikum warohmatullohi Wabarokatuh

Alhamdulillahi ‘alaa alaa ihi,Wassholatu wassalamu ‘alaa anbiyaa ihi

Wa ‘alaa alihi wa ashabihi wa ahibba ihi, Amma ba’du


  • ·  Wonten ngarsanipun poro alim, poro kiyai, sesepuh pinisepuh soho tokoh masyarakat ingkang tansah kitho hormati
  • ·  Wabilkhusus Panjenenganipun Romo Kyai Ahmad Jazuli soho Romo Kyai Muhammad Islahul Umam ingkang kita dereaken dawuh lan mauidhohipun
  • ·  Ibu Kepala Desa beserta perangkat pemerintahan Desa Sambung, ingkang kito hormati

  • ·  Ketua BPD lan sedoyo anggotanipun ingkang kito hormati
  • ·  Sedoyo jajaran pengurus NU, Muslimat, GP Ansor  , Fatayat, IPNU-IPPNU soho UPZISNU-Lazisnu Care Ranting Desa Sambung, ingkang tansah kito hormati lan tresnani
  • ·  Poro hadirin-hadirot, zaairin-zaairot ingkang sami rawuh wonten maqbaroh muslim Desa Sambung ingkang kito hormati
  • ·  Sedoyo ingkang terkait kaliyan majlis do’a sonten puniko ingkang kitho hormati ugi

Alhamdulillah was syukru lillah ala ni’amillah wonten kesempatan puniko  Allah SWT taksih paring pinten-pinten kenikmatan, pinten-pinten rohmat, hidayah, i’anah soho pinten-pinten fadhol kangge kitho sedoyo, arupi kesarasan, kesehatan, tetep iman islam soho kesempatan sehinggo kitho sonten puniko saged derek-derek ngayu bagyo atas kegiatan Ziarah Massal Desa Sambung Tahunn 1443 H kanthi keadaan selamet, wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo, amin Allohumma amin

Sholawat soho salam mugio tansah katur dumateng junjungan kitho Rasulullah SAW, biqoulina Allahumma Sholli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad , kanthi harapan mugi-mugi kitho sami, soho keluargo wonten dalem estu-estu termasuk golonganipun ummat ingkang sak mangke pikantuk syafaat ipun , amin Allahumma Amin

Poro hadirin sedoyo ingkang minulyo

Majlis kirim do’a ingkang dipun kemas mawi Kegiatan Ziarah Massal dalam rangka menyambut bulan suci Romadhon 1443 H, Pemerintah Desa Sambung bersama NU Se-Banom Desa Sambung, Kamis Legi, 31 Maret 2022 dipun milai kanti runtutipun adicoro :    

  • 1.     Pembukaan
  • 2.    Waosan Ayat Suci Alqur’an
  • 3.    Tahlil soho Do’a
  • 4.    Sambutan-sambutan
  • 5.    Mawaidhul Husna

Poro rawuh ingkang kawulo hormati

Sumonggo majlis sonten puniko kitho bikak lan wiwiti sesarengan kanthi waosan surotul fatihah kanthi pengajeng-ajeng, mugio acoro lumampah kanti  lancar, bekto barokah dateng kito sedoyo ingkang rawuh soho keluarga lan masyarakat Desa Sambung, Ala hadhihin niyyah alfatihah

Matursuwun

Wondene acara sak lajengipun inggih puniko waosan ayat suci Alqur’an ingkang bade dipun selirani panjenenganipun Bapak Isyaron, dumateng panjenenganipun wekdal kasumanggaaken

Matur sembah nuwun

Ndongkap acoro candakipun injih Tahlil ma’ad Du’a ingkang bade dipun pimpin panjenenganipun Romo Kyai Ahmad Jazuli

Dumateng panjenenganipun wekdal kawulo sumanggaaken 

Matur sembah nuwun

Acoro ingkang kaping sekawan nuwun injih sambutan-sambutan.

Sambutan ingakang sepindah saking panitia Ziarah Massal , ingkang bade dipun sampeake panjenenganipun Ustadz Ahmad Fadholi, S.Pd,I.

Dumateng panjenenganipun wekdal kawulo sumanggaaken

Sambutan ingkang kaping kaleh nuwun injih saking pemerintahan Desa Sambung, ingkang bade kaaturaken panjenenganipun Ibu Kepala Desa,

Dumateng Ibu Astuti Widyawati, S.Pd wekdal kawulo sumanggaaken

Matur nuwun

Selajeng acoro ingkang pungkasan , injih puniko Mawaidhul Husna, ingkang kito ajeng-ajeng saking panjenenganipun Kyai Muhammad Islahul Umam ( Direktur Aswaja Center Kudus)

Dumateng panjenenganipun , wekdal kawulo sumanggaaken

Mekaten menggah acoro kegiatan Ziarah Massal Pemerintah Desa Sambung beserta NU se-Banom Desa Sambung tahun 1443 H/2022 M.

Kawulo minangkani pranoto acoro, sedoyo khilaf lan kesalahan nyuwun agungipin pengapunten

Ing Wusono, sumonggo kita pungkas kanthi waosan tasbih lan sholawat sesarengan

Bismillahirrohmanirrohim

Subhana robbika robbil izzati amma yashifun, wasalamun alal mursalin, walhamdu lillahi robbil alamin

Allohumma sholli ala sayyidina Muhammad

Wal afwu minkum

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

 

Comments
0 Comments

No comments:

Designed Template By Blogger Templates - Powered by Kabarmadrasah.com