Madrasah hebat bermartabat- Lebih baik madrasah - Madrasah lebih baik

Breaking News

02 March 2021

Teks MC Hajatan Nikahan di Desa

 

Assalamualaikum warohmatullohi Wabarokatuh

Alhamdulillahilladzi ahyana  wa ath’amana wasaqona wahadana ila shirotim Mustaqim,

Wasyarrofana ‘ala saairil umami birisalati khoiril mursalin, waakromana bisyafaatil Udzma fi yaumiddin

 


Assholatu wassalamu ala sayyidina wahabibina wasyafiina waqurroti a’yunina wamaulana Muhammadin SAW, Wa ‘ala aalihi washohbihi ajmain wala haula wala quwwata illa billahil ‘aliyyil adhim, amma ba;du

 

Wonten ngarsanipun poro alim, poro bapak kiyai, sesepuh pinisepuh ingkang tansah kitho hormati

 

Wabilkhusus poro bapak soho poro kaneman ingkang sampun sami rawuh wonten meniko majlis ingkang kitho hormati

Sedoyo ingkang terkait kaliyan majlis do’a dalu puniko wonten dalemipun shohibul bait, inggih meniko Bapak………sekeluargo ingkng kitho hormati ugi

 

Alhamdulillah was syukru lillah ala ni’amillah wonten kesempatan dalu puniko  Allah SWT taksih paring pinten-pinten kenikmatan, pinten-pinten rohmat, hidayah, i’anah soho pinten-pinten fadhol kangge kitho sedoyo, arupi kesarasan, kesehatan, tetep iman islam soho kesempatan sehinggo kitho dalu puniko saged derek-derek ngayu bagyo atas undangan saking shohibul bait kanthi keadaan selamet, wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo, amin Allohumma amin

 

Sholawat soho salam mugio tansah katur dumateng junjungan kitho Rasulullah SAW, biqoulina Allahumma Sholli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad , kanthi harapan kitho maos sholawat mugi-mugi kitho sami, soho keluargo wonten dalem estu-estu termasuk golonganipun ummat ingkang sak mangke pikantuk syafaat ipun , amin Allahumma Amin

 

Poro hadirin, poro bapak ingkang minulyo

Kepareng matur aminangkani wakil saking shohibul bait

 

Ingkang sepindah ngaturaken marhaban ahlan wasahlan bihudhurikum, sugeng rawuh sugeng pinarak wonten meniko majlis. Mung mawon mbok menawi anggenipun shohibul bait nampi kerawuhan panjenengan sami wonten kekiranganipun , kekhilafanipun, mboten sanes atas sedoyo kekirangan lan kekhilafan kolo wau , saking shohibul bait nuwun ngapunten ingkang sak kathah-kathahipun

 

Ingkang nomer kalih, mboten kesupen , ngaturaken maturnuwun sanget atas rawuhipun panjenengan sami , atas biyantu saking panjenengan sami , ingkang sampun kerso ndanganaken wekdal, kapurih ngrawuhi majlis dalu puniko,    mboten saged mbales punopo-punopo, namung ngaturaken Jazakumulloh khoiron katsiro, wa a’dhoma lakum ajro. Amin allohumma amin

 

Poro hadirin, poro bapak ingkang minulyo

Majlis ndalu punipo dikandung maksud saking shohibul hajat, shohibul bait, inggih puniko Bapak………..sekeluargo, nyuwun pangestu, utawi do’a restu panjenengan sami atas hajatipun :

Ingakng sepindah inggih puniko gadahi hajat bade anikahaken ingkang putro, inggih puniko mas…….. ingkang fainsyaAllah bade kadaopaken kaliyan mbak………...putri saking bapak…….saking tlatah……..

 

Kanthi mekaten, fainsyaAllah aqdunnikah bade kalaksanaaken benjang enjang antawis kirang langkung tabuh 09.00 WIB. Pramilo meniko nyuwun doa panjenengan sami, mugi-mugi akad nikah ingkang bade dipun laksanaaken estu-estu pikantuk ridho saking allah SWT, lan dipun paringi keluargo ingkang sakinah, mawaddah warohmah, wassa’adah fiddunya wal akhiroh, amin

 

Ugi nyuwun do’a restu panjenengan sami mugi-mugi anggenepun anggadahi hajat bapak…..…milai awal, tengahan lah akhiripun damel, mugi-mugi Allah SWT paring selamet wilujeng , selamet ingkang gadah damel, ugi selamet ingkang nderek-nderek sabiyantu dateng shohibul hajat

 

Ingkang ongko tigo, dalu puniko shohibul bait ugi kirim do’a dumateng sedoyo ahli quburipun ingkang sampun sumare, imggih meniko :

1.

2.

3.

Dst

Sedoyo mau sampun wangsul ing alam barzah , mugi kanthi waosan tahlil, doa sak mangke , estu-estu dipun sepunten dosa-dosanipun, dipun tampi sedoyo amal saenipun, dipun paringi tetep iman islam khusnul khotimah, Amin Allhumma Amin

 

Mekaten kirang langkung  shohibul bait wonten kekiranganipun anggen kawulo matur, Allah SWT piyambak ingkang ngudaneni lan nyembadani punopo ingkang dados makud lan niat saking shohibul bait

 

Lan sumonggo majlis ndalu puniko kitho bikak sesarengan kanthi waosan surotul fatihah kanthi harapan mugi-mugi kanthi berkahipun waosan surotul fatihah estu-estu hajatipun Bapak……sekeluargo pikantuk ridho saking Allah SWT. Utaminipun kangge mempelai berdua Mas ……kalih mbak……..mugi-mugi tansah dilindungi deneng Allah, dipun paring keluargo ingkang saadah, sakinah, mawaddah warohmah, fiddunya wal akhiroh, Amin Allohumma Amin

 

Ala hadhihin niyyah alfatihah

Matursuwun

Wondene acara sak terasipun inggih puniko Tahlil ma’ad Du’a ingkang bade dipun pimpin panjenenganipun Romo Kyai…………………

Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken 

Saking kawulo, nyuwun agungipun pangapunten.Ing wusono wal afwu minkum

Wassalamualaikum warohmatillahi wabarokatuh

  

www.kabarmadrasah.com

Terima kasih telah membaca artikel ini, Semoga bermanfaat.
jangan lupa baca artikel :Download RPP Kelas 1 Kurikulum 2013 Revisi 2017
Comments
0 Comments

No comments:

Designed Template By Blogger Templates - Powered by Kabarmadrasah.com